Cerita Humor Mukidi Boso Jowo: MUKIDI DAN RAPORT
Mukidi: “Pak, méngko pas préian nyong détukokna pit ya…”
Bapaké Mukidi: “Oké, tapi rapot sékolahmu kudu ana angka 9-é. Télu baé, ora usah kabéh”.
Bar tampa rapot …
Mukidi: “Pak, rapoté inyong ana angka 9-né télu. Pit-é éndi, Pak…?!”
Bapaké Mukidi: “Naaaahhh kaya kuwé sing jénéngé anaké Inyong. Pintér sékolahé. Kaé pit-é wis ték tukokna, néng pédangan. Rapoté éndi…??”
Mukidi: “Ték délah néng ndhuwur tivi, Pak…” ujaré Mukidi karo ngglindhing numpak pit anyar.
Isi Raporté :
-Matématika = 3
-IPA = 4
-Pénjas = 4
-IPS = 4
-Bhs Indonésia = 3
-Sakit = 9
-Ijin = 9
-Alpa = 9